

Geguritan
Presentation
•
Other
•
9th Grade
•
Practice Problem
•
Hard
Ahmad Nurhamid
Used 2+ times
FREE Resource
7 Slides • 0 Questions
1
bareng Pak Nurhamid
2
Siyang pantara ratri
Mung eling manising ati
Sedyaku bisa anduweni
Marang sang dyah sulaksmi
Rasa kangen kang nglimputi
Lintang bulan dadi seksi
Ubayane datan mbalenjani
Janji sabaya mukti sabaya pati
Wong ayu tresnamu kinarya tamba
Susah jroning batinku
Wong bagus antepna rasa atimu
Tresnaku tulus jroning kalbu
Senadyan ngarungi banyu segara
Rasaku ra bakal sirna
Senadyan nyawa oncat saka raga
Wis tresna ra bisa dipisahna
Yen wis tresna ora bisa dipisahna
3
Siyang pantara ratri
Mung eling manising ati
Sedyaku bisa anduweni
Marang sang dyah sulaksmi
Rasa kangen kang nglimputi
Lintang bulan dadi seksi
Ubayane datan mbalenjani
Janji sabaya mukti sabaya pati
Wong ayu tresnamu kinarya tamba
Susah jroning batinku
Wong bagus antepna rasa atimu
Tresnaku tulus jroning kalbu
Senadyan ngarungi banyu segara
Rasaku ra bakal sirna
Senadyan nyawa oncat saka raga
Wis tresna ra bisa dipisahna
Yen wis tresna ora bisa dipisahna
4
Iki tulising kidungku
Kanggo sira hapsarining kalbu
Eseme kang manis madu
Dhasar ayu parasmu kang tanpa layu
Nimas sesotyaning ati
Ya mung ndika kang sawiji
Langit bumi kang hanyekseni
Nalikane ngucap janji ana lathi
Ya mung siji sesotyaku
Memanikku mung nimas wong ayu
Panyuwunku muga nimas
Ora lali marang janji setyamu
Nanging kabeh kuwi muspra
Eling kalamun pupusing tresna
Wis takcoba nglalekke sliramu
Nanging taklali-lali tan bisa lali
5
Teles kebes klambi sing takenggo iki
udan deres aku ra peduli
mlaku tanpa payung merga atiku bingung
urip ijen tanpa bapa biyung
Nganti kapan kudu taklakoni
pacoban urip awakku iki
seprene lawase aku urip dhewe
neng kene ora ana kancane
Udan deres teles kebes klambi iki
karep ati kepengin nggoleki
udan deres teles kebes klambi iki
adhuh bapa biyung kowe ana ngendi
Aku pengin nangis
nangis neng pangkonmu
kaya bayi nangis nyuwun banyu susu
Aku pengin nangis
nangis neng pangkonmu
bapa biyung rungokna tangisku
6
Rumeksa ingsun laku nistha ngayawara
Kelawan mekak hawa, hawa kang dur angkara
Senadyan setan gentayangan, tansah gawe rubeda
Hingga pupusing jaman
Hameteg ingsun nyirep geni wisa murka
Meper hardaning panca, saben ulesing netra
Linambaran sih kawelasan, ingkang paring kamulyan
Sang Hyang Jati Pengeran
Jiwangga kalbu, samudra pepuntaning laku
Tumuju dhateng Gusti, Dzat Kang Amurba Dumadi
Manunggaling kawula Gusti, krenteg ati bakal dumadi
Mukti ingsun tanpa piranti
7
Sumebyar ing sukma madu sarining perwita
Maneka warna prada, mbangun praja sampurna
Sengkala tidha muksa, kalabendu nyata sirna
Tyasing rasa mardika
Mugiya den sedya pusaka Kalimasada
Yekti dadi mustika, sajroning jiwa raga
Beja mulya waskitha, digdaya bawa leksana
Byar manjing sigra-sigra
Ampuh sepuh wutuh, tan kena isa paneluh
Gagah bungah sumringah, ndadar ing wayah-wayah
Satriya tata sembada, Wiratama katon sewu kartika
Ketaman wahyu Kalaseba
bareng Pak Nurhamid
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 7
SLIDE
Similar Resources on Wayground
4 questions
Belum Berjudul
Presentation
•
10th Grade
5 questions
Scratch: Planning for a quiz
Presentation
•
10th Grade
13 questions
Oras Ko, Gagamitin Ko ng Wasto!
Presentation
•
9th Grade
4 questions
Geguritan
Presentation
•
9th Grade
12 questions
Serat Wulang Reh pupuh Durma
Presentation
•
9th Grade
10 questions
Tembang Dhandhanggula
Presentation
•
9th Grade
7 questions
Geguritan
Presentation
•
8th Grade
7 questions
Bahasa Jawa: Budaya Jawa: Reog
Presentation
•
6th - 9th Grade
Popular Resources on Wayground
10 questions
Safety Day 2026 – Student Review
Quiz
•
9th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
12 questions
Map Skills
Quiz
•
3rd Grade
22 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
5th Grade
15 questions
Rounding Decimals
Quiz
•
5th Grade
Discover more resources for Other
10 questions
Safety Day 2026 – Student Review
Quiz
•
9th Grade
20 questions
REGULAR Present tense verbs
Quiz
•
8th - 9th Grade
26 questions
SLIME!!!!!
Quiz
•
KG - 12th Grade
10 questions
Test Your Knowledge on Bullying
Quiz
•
9th Grade
12 questions
Absolute Value Equations
Quiz
•
9th Grade
20 questions
Position vs. Time Graphs
Quiz
•
9th Grade
20 questions
Function or Not a Function
Quiz
•
8th - 9th Grade
10 questions
Exploring Chemical and Physical Changes
Interactive video
•
6th - 10th Grade