
Basa Jawa (Paraga Wayang)
Presentation
•
English
•
1st Grade
•
Medium
Sri nurwati
Used 9+ times
FREE Resource
10 Slides • 10 Questions
1
Kawruh NgeParaga wayang
2
Gatot Kaca asmane, Satriya ing Pringgadani, Putrane Werkudara Pandhawa nomer 2 karo dewi Arimbi, kang sakti mandra guna lan kawentar anggone isa mabur ing angkasa. Musuwur kanti jejuluk otot kawat balung wesi, gagah prakosa, ananging gugur ing perang Baratayuda ana ing tangane Pak Dhene dhewe yaiku Karna
3
ARJUNA
Dikenal dadi paraga wayang kang bagus rupa, sakti mandraguna, lan Putra Pandu angka 3. Satria saka Madukara iki duweni garwa kang akeh antarane Sembadra , Srikandi, Sulastri, lsp; mula duwe sesulih Janaka kang artine lanange jagad.
Duwe kapinteran manah amarga tinurun saka Dewa Indra. Jeneng liyane yaiku, Parta, Janaka, Dananjaya, Permadi , Mintaraga.
4
KRESNA
Raja saka Dwarawati /Dwaraka, putrane Basudewa Raja saka Mandura, minangka Jilmaan Dewa Wisnu kang duwe gaman aran Cakra Sudarsana. Kresna duwe garwa kang aran Rada lan Rukmini. Duwe jeneng liya Govinda, Narayana, Basudewa lan Gopala.
Tembung Kresna iku padha karo langking, ireng utawa jlitheng.
5
Werkudara
Jeneng liyane Bima, Brontasena, Bayusuta, kesatriya kang gedhe dhuwur lan gagah prakosa, putra Raja Pandu kang angka 2.
Garwane kang aran Dewi Arimbi putri Ditya/raseksa. Banjur duwe putra kang aran Gatot Kaca, Antareja lan Antasena. Bima iku kesatria kang ora seneng abang-abang lambe/basa-basi, ora monyah-manyih, utawa tetep ing panemu.
6
DASAMUKA
Uga jejuluk Rahwana, putra Dewi Sukesi kang angka 1 utawa pambarep. Raja ing Ngalengka kang duweni watak angkara murka. Rahwana raseksa kang sekti mandraguna, lan duwe kekarepan pingin mboyong Dewi Sinta kang wis dadi Garwane Prabu Rama Wijaya. Nyusun siasat kanggo nyulik Sinta kanthi bantuan adhi wadone kang aran Sarpakenaka, kang uga tresna mawang Prabu Rama.
7
Rahwana kasil nyulik Dewi Sinta kang lagi lena ditinggal Laksmana nguber Kidang Kencana kang asline memba-membane Sarpakenaka kanggo nglenakake Laksmana. Ing tengah dalan Rahwana ketemu karo Jatayu kesatriya Garuda kang biyantu Sinta kanggo oncat saka Rahwana. Ananging Jatayu kalah nganti swiwi tengene katerjang pedhange Rahwana. Kanthi susah payah ing lara kelangan swiwi Jatayu isih bisa nemoni Prabu Rama kanggo nyampekake berita menawa Sinta kaculik dening Rahwana digawa menyang Negri Alengka.
8
KUMBAKARNA
Kesatriya saka Ngalengka kang awujut raseksa utawa Ditya, Putrane Dewi Sukesi lan Resi Wisrawa kang angka 2.
Dijuluki Kumbakarna amarga kupinge kaya kumba/kuali.
Duwe watak kesatriya amarga gugur ing medan yuda kanggo mbelani Negri Ngalengka kang lagi di obong karo pasukane Anoman lan prabu Rama.
9
Kumbakarna gugur
Kumbakarna ora kaya Rahwana kakange kang duweni wateg angkara amerga pingin ngrabi Dewi Sinta kang wis duwe garwa Prabu Rama
Gugur karajang-rajang dening panah Prabu Rama lan Laksmana ing perang nglawan pasukan wanara kang dipimpin Anoman
Gugure kumbakarna iki netepi kutukane Ditya Jambu mangli kang diperjaya karo Resi Wisrawa/bapane Kumbakarna kanti dipretheli awake.
10
Kanggo ngukur pemahaman garapen quiz iki!
11
Multiple Choice
Werkudara iku jeneng liyane sapa?
Brantasena
Permadi
Arjuna
Karna
12
Multiple Choice
Ing ngisor iki gambar wayang Kresna...
13
Multiple Choice
Ing ngisor iki pranyatan kang trep miturut adegan ing gambar crita wayang kasebut ... kajaba...
Jatayu arep aweh pitulungan marang Dewi Sintha
Rahwana nyulik Dewi Sintha
Jatayu kalah perang mungsuh Rahwana
Dewi Shinta Iku Garwane Prabu Rama
14
Multiple Choice
Raseksa utawa ditya kang ana ing gambar iku arane Kumbakarna. Keneng apa dheweke duwe aran kumba karna?
Amarga seneng mangan manungsa
Amarga kupinge kaya kuali
Amarga adhine Rahwana
Amarga Ditya
15
Multiple Choice
Miturut panemumu paraga ing ndhuwur iku duwe jejuluk ing ngisor iki kajaba...
Permadi
Arjuna
Janaka
Werkudara
16
Multiple Choice
Putrane Werkudara iku duwe sesulih sapa?
Bima
Gatot Kaca
Janaka
Narayana
17
Fill in the Blanks
Type answer...
18
Fill in the Blanks
Type answer...
19
Fill in the Blanks
Type answer...
20
Fill in the Blanks
Type answer...
Kawruh NgeParaga wayang
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 20
SLIDE
Similar Resources on Wayground
15 questions
Lets talk
Presentation
•
1st Grade
14 questions
Şimdiki Zaman (Present Continuous/Progressive Tense)
Presentation
•
KG
12 questions
English lesson
Presentation
•
KG
13 questions
Information Transfer 2
Presentation
•
1st - 3rd Grade
11 questions
Materi Ramayana kelas 1 SD
Presentation
•
1st Grade
20 questions
FF2, Unit 12, test
Presentation
•
2nd Grade
10 questions
reading for 1st graders
Presentation
•
1st Grade
18 questions
Quarter 2: Filipino: Week 1
Presentation
•
2nd Grade
Popular Resources on Wayground
24 questions
PBIS-HGMS Day 10
Quiz
•
6th - 8th Grade
10 questions
HCS SCI 03 Summer School Review 3
Quiz
•
3rd Grade
11 questions
Home Scope
Quiz
•
7th - 8th Grade
15 questions
HCS SCI 05 Summer School Assessment 3 Review
Quiz
•
5th Grade
35 questions
Lufkin Road Middle School Student Handbook & Policies Assessment
Quiz
•
7th Grade
18 questions
Geo 11.3 Area of Circles and Sectors
Quiz
•
9th - 11th Grade