

Bagas Bocah Sumeh
Presentation
•
Education
•
7th Grade
•
Hard
Ahmad Nurhamid
Used 10+ times
FREE Resource
9 Slides • 0 Questions
1
Bagas Bocah Sumeh
Dina kuwi, kaya adat sabene bareng krungu adzan Subuh Bagas tangi turu. Bagas nyawang jam wis nuduhake jam setengah lima. Isih kathokan cekak, kaosan, lan sandhalan japit, Bagas nyangking sarung sarta nganggo kupluk tumuju langgar sing ora adoh saka omahe. Isih karo ongap-angop Bagas olehe mlaku karo mripate dilek-lekake. Angin semribit kang tumiyup lan hawa atis, dhasare lagi mangsa ketiga, ora gawe Bagas wegah menyat saperlu nindakake kewajiban sholat Subuh.
2
Bagas Bocah Sumeh
Rampung wiridan sawuse sholat subuh, Bagas mulih. Sarung lan kupluke diuculi. Bagas wis ndalan pagaweyane saben esuk. Tekan omah dheweke banjur nimpal, rehning Pak Solikin, bapake Bagas, iku ngopeni sapi loro cacahe. Bagas iku anak barep, isih lungguh ing kelas 7, nduweni adhi, jenenge Riyani kang isih kelas 1 SD.
3
Bagas Bocah Sumeh
Bubar nimpal, Bagas banjur wisuh sisan adus. Rampung adus, sarapan wis mateng. Riyani lagi tangi, banjur didusi ibune. Bagas salin sragam sekolah banjur sarapan. Rampung sarapan, Bagas tata-tata. Sepatune dienggo, nyangklong tas, banjur pamit, salim karo ibune, bapake wis makarya ing sawah.
4
Bagas Bocah Sumeh
Sepedhane ditumpaki, diolahi, njur budhal menyang sekolahan. Lagi tekan prapatan wetan omahe, dheweke pethuk pak dhene. Bagas mudhun saka sepedhane, banjur salim. Saben ketemu karo tanggane, Bagas tansah sumeh lan aruh-aruh, ora ketang mung nyapa, "Pak" utawa "Buk". Amarga kalebu bocah sing sumeh tur blater, akeh wong sing seneng lan nggunemake kabecikane.
5
Bagas Bocah Sumeh
Cerita kuwi aweh pitutur supaya kita kabeh dadi wong sing sregep ngibadah, bekti marang wong tuwa, ora wegah marang gawean omah, ora aleman, sumeh tur blater ing pasrawungan lan urip bebrayan.
6
Bagas Bocah Sumeh
Tekan sekolahan, sawise markirake sepedhane, Bagas tumuju ing kelase, kelas 7C. Ing kono, Adit wis lungguh-lungguh ing ngarep kelase."Wis rampung rung?" Adit nakonake PR Basa Jawa."Kurang sithik." Bagas mangsuli.
7
Bagas Bocah Sumeh
Bagas banjur mlebu kelas, nyelehake tase. Saperangan kancane ana sing sawangane uga lagi umyeg nggarap PR Basa Jawa, amarga mapel Basa Jawa tiba jam sepisanan. Bagas lungguh ing panggone karo ngrampungake PR-e. Rampung nggarape banjur metu kelas. Jejagongan karo kanca-kancane sinambi ngenteni bel mlebu. Banjur krungu swara "Bagas, rene! Pak Hasan njaluk tulung".
8
Bagas Bocah Sumeh
Bagas ditimbali Pak Hasan. Bagas banjur nyedhak lan ngambung astane Pak Hasan. Tangane Bagas tumata ngapurancang banjur matur "Dalem, Pak. Wonten menapa?". "Pak Hasan pundhutke tas sing cementhel neng motor! Motore Pak Hasan neng parkiran. Tas kuwi selehke neng kursi guru ing kelasmu! Pak Hasan arep memburi dhisik." ngendikane Pak Hasan. "Inggih, Pak." ature Bagas.
9
Bagas Bocah Sumeh
Pak Hasan minger arep menyang WC guru. Bagas banjur nindakake dhawuhe Pak Hasan. Lagi wae tase Pak Hasan diselehake ing kursi guru, bel mlebu wis muni. Bagas banjur lungguh ing kursine, Adit mlebu kelas terus lungguh ing jejere. Bocah kelas 7C kuwi pancen wis ndalan. Saben krungu bel mlebu, bocah-bocahe banjur anteng ing jero kelas ngenteni gurune rawuh.
Bagas Bocah Sumeh
Dina kuwi, kaya adat sabene bareng krungu adzan Subuh Bagas tangi turu. Bagas nyawang jam wis nuduhake jam setengah lima. Isih kathokan cekak, kaosan, lan sandhalan japit, Bagas nyangking sarung sarta nganggo kupluk tumuju langgar sing ora adoh saka omahe. Isih karo ongap-angop Bagas olehe mlaku karo mripate dilek-lekake. Angin semribit kang tumiyup lan hawa atis, dhasare lagi mangsa ketiga, ora gawe Bagas wegah menyat saperlu nindakake kewajiban sholat Subuh.
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 9
SLIDE
Similar Resources on Wayground
7 questions
Website Surel (email)
Presentation
•
7th Grade
5 questions
PRESENT CONTINUOUS TENSE
Presentation
•
KG
9 questions
PJOK KLS 4 PELAJARAN 1
Presentation
•
7th - 8th Grade
7 questions
Bahasa Indonesia kelas 8 pertemuan 16
Presentation
•
8th Grade
8 questions
Present Continuous
Presentation
•
8th Grade
12 questions
Past Continuous
Presentation
•
7th Grade
11 questions
Persegi dan persegi panjang
Presentation
•
7th Grade
9 questions
Aqidatul awam
Presentation
•
6th Grade
Popular Resources on Wayground
10 questions
Safety Day 2026 – Student Review
Quiz
•
9th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
12 questions
Map Skills
Quiz
•
3rd Grade
22 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
5th Grade
15 questions
Rounding Decimals
Quiz
•
5th Grade
Discover more resources for Education
10 questions
Columbus Day and Indigenous People's Day
Interactive video
•
5th - 8th Grade
16 questions
Proportional and Non Proportional Relationships in Tables, Graphs, and Equations
Quiz
•
7th Grade
20 questions
Constant of Proportionality
Quiz
•
7th Grade
20 questions
Halloween Trivia
Quiz
•
7th Grade
15 questions
One-Step Equations
Quiz
•
7th Grade
20 questions
Add and Subtract Integers
Quiz
•
6th - 8th Grade
28 questions
SMS Staff by the Numbers
Quiz
•
6th - 8th Grade
16 questions
Adding and Subtracting Integers
Quiz
•
7th Grade