
bahasa jawa
Presentation
•
World Languages
•
7th Grade
•
Hard
yuhrotun nisa88
FREE Resource
9 Slides • 0 Questions
1
by yuhrotun nisa88
2
Awit kasil anggenipun babad wana Roban saha damel bendungan, Bhaureksa kaangkat dados Bupati ing Kendal. Saderengipun angayahi jejibahan minangka Bupati, ayahan ingkang kedah dipunlampahi inggih menika mapag putri Kalisalak ingkang asma Dewi Rantansari saprelu kaboyong dhateng Mataram minangka garwa prameswari ingkang Sinuwun Sultan Agung Hanyakra Kusuma. Nanging sasampunipun dumugi ing Kalisalak, Bhaureksa kayungyun sanget dhateng Retna Rantansari ingkang panci ayu sulistya ing warni . Kosok wangsulipun Rantansari ugi kayungyun dhateng Bhaureksa. Bhaureksa lajeng bingung kadospundi anggenipun Dewi Rantansari badhe kaaturaken dhumateng Ingkang Sinuwun.
3
Wontenipun kadadosan menika Bhaureksa lajeng nyuwun pitedah dhumateng ingkang rama Ki Ageng Cempaluk ing dhusun Kesesi.Bhaureksa lajeng kadhawuhan
dhateng dhusun Kalibeluk ingkang boten tebih kaliyan Kalisalak.Ing ngriku Bhaureksa pinanggih kaliyan pawestri ingkang rupinipun sami kaliyan Dewi Rantansari. Lare pawestri kalawau namanipun Endang Wuranti anakipun bakul srabi ingkang mangke badhe kaaturaken dhateng Sinuwun Sultan Agung Hanyakrakusuma.
4
Sasampunipun Endang Wuranti pikantuk idi palilah saking tiyang sepuhipun, nuli kabekta lan kaaturaken dhateng Ingkang Sinuwun ing Mataram. Rantansari kadhawuhan Bhaureksa supados nggentosi Dewi Rantansari pramila lajeng kapurih ngaken nama Dewi Rantansari manawi kadangu Ingkang Sinuwun.
5
Sultan Agung Hanyakra Kusuma jubriya dhateng pawestri menika. Sasampunipun mantun semaputipun Endang Wuranti kadangu lan matur dhumateng Ingkang Sinuwun bilih kapurih ngaken nama Rantansari dening Bhaureksa.
6
Priksa kados makaten, Bhaureksa kadukanan lan nampi paukuman ingkang awrat inggih menika kedah : 1. babad wana Gambiran, 2. damel kapal Kaladhuta saha 3. mandhegani prajurit Mataram nglurug perang ing Batavia mawi kapal wau ngantos kasil. Amargi ngrumaosi lepat, pramila Bhaureksa nindakaken paukuman menika kanthi renaning manah.
7
(Kapethik saking cariyos “Kisah Bhaureksa” dening Bejo Sutrisna kanthi ewah-ewahan sawetawis)
​
8
A. Tegesipun tembung-tembung ingkang angel ing cariyos nginggil
- angayahi = nindakaken
- jejibahan = kuwajiban
- ayahan = pagaweyan
- mapag = manggih, methuk
- kayungyun = kepranan, kapiluyu, kepencut, kasengsem
- idi palilah = izin, restu
- awrat = abot
- pawestri = wong wadon
- kapurih = kadhawuhan supados,supaya
- jubriya = boten pitados (curiga : Indo.)
- kadangu = ditakoni
- mandhegani = mimpin
- nglurug = mangkat perang, marani panggonane mungsuh
- bebingah = bebungah, hadiah
- renaning manah = legawa, lila, eklas
- kawentar = misuwur, kaloka, kondhang
- kaloka = kondhang
9
1. Sinten sajatosipun Bhaureksa menika?
2. Sinten Dewi Rantansari menika?
3. Menapa ingkang kadadosan sasampunipun Bhaureksa pinanggih kaliyan Dewi Rantansari?
4. Sinten Ki Ageng Cempaluk menika?
5. Sinten Endang Wuranti menika?
6. Wonten kedadosan menapa sasampunipun Endang Wuranti lenggah jajar kaliyan Sultan Agung Hanyakrakusuma?
7. Paukuman menapa ingkang katampi Bhaureksa amargi sampun ndhelikaken Dewi Rantansari?
8. Bebingah menapa ingkang dipuntampi Endang Wuranti saking Sultan Agung?
9. Kadospundi Endang Wuranti anggenipun sadeyan srabi sasampunipun pikantuk pangestu saking Sultan Agung?
10. Dhusun Kalibeluk menika kalebet kecamatan pundi?
by yuhrotun nisa88
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 9
SLIDE
Similar Resources on Wayground
10 questions
Gerunds
Presentation
•
6th - 8th Grade
6 questions
BAHASA INGGRIS KELAS 2 "GREETING AND PARTING"
Presentation
•
8th - 9th Grade
9 questions
macam-macam majas
Presentation
•
7th Grade
6 questions
Grade 8 Lesson 6 Which club to choose?
Presentation
•
8th Grade
8 questions
Past Progressive
Presentation
•
8th Grade
8 questions
Ing Words
Presentation
•
8th Grade
11 questions
Present Perfect Continuous I
Presentation
•
7th Grade
10 questions
Close up A2 U8 Writing
Presentation
•
6th Grade
Popular Resources on Wayground
10 questions
Safety Day 2026 – Student Review
Quiz
•
9th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
12 questions
Map Skills
Quiz
•
3rd Grade
22 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
5th Grade
15 questions
Rounding Decimals
Quiz
•
5th Grade
Discover more resources for World Languages
14 questions
Los Dias de la Semana
Quiz
•
6th - 8th Grade
10 questions
Spanish Greetings and Goodbyes!
Presentation
•
6th Grade - University
20 questions
Los saludos y las despedidas
Quiz
•
5th - 8th Grade
10 questions
Exploring National Hispanic Heritage Month Facts
Interactive video
•
6th - 10th Grade
25 questions
Articulos definidos e indefinidos
Quiz
•
7th Grade
25 questions
Direct object pronouns in Spanish
Quiz
•
7th Grade
20 questions
Cap. 1: Los Articulos
Quiz
•
7th Grade
30 questions
Prueba de Alfabeto
Interactive video
•
6th - 8th Grade