

BAHASA JAWA
Presentation
•
Other
•
6th Grade
•
Hard
Rizqi Akmalina
Used 7+ times
FREE Resource
11 Slides • 0 Questions
1
BAHASA JAWA
SESORAH (PIDATO)

2
Pangerten Sesorah
Sesorah, pidhato utawa tanggap wacana iku ngandharake gagasan utawa pawarta marang wong liya srana lisan kang wis kasusun kanthi tata urutan kang runtut lan mawa paugeran ing pasamuan tartamtu.
3
Jinis-jinis Sesorah
Sesorah Pambuka, yaiku sesorah ringkes kang diandharake dening pranatacara utawa pambiwara.
Sesorah Pengarahan, yaiku sesorahe ketua utawa kepala marang kelompok kerja kanggo ngarahake sawijine kegiyatan supaya rancak.
Sesorah Sambutan, yaiku sesorah kang dianakake ing acara tartamtu. Biyasane wong sing sesorah luwih saka siji, mula sesorahe ringkes lan sedhela.
4
Jinis-jinis Sesorah
Sesorah Peresmian, yaiku sesorahe wong pangkat utawa nduweni pengaruh ing kono kanggo ngresmekake sawijine acara utawa kegiyatan
Sesorah Laporan, yaiku sesorah kang isine nglaporake sawijine kegiyatan utawa tugas kang wis rampung dilaksanakake.
Sesorah Pertanggungjawaban, yaiku sesorah kang isine ngenani sawijine laporan pertanggungjawaban tugas kang wis diayahi.
5
Unsur-unsur Teks Sesorah
Sapa sing nindakake sesorah?
Apa materi sing diandharake?
Sapa wae sing padha ngrungokake?
Apa sing dadi underane gagasan (temane)?
6
Mbedakake Sesorah Resmi Ian Ora Resmi
Sesorah iku ana sing resmi lan ana sing ora resmi. Sesorah ing Situasi resmi mesthine tata urutan (strukture) beda karo sing ora resmi. Sesorah sing resmi biasane nduweni cathetan sing arep dianggo sesorah. Yen kowe diutus gurumu makili kanca-kancamu ing perpisahan sekolah, kudu nyiapake cathetan sing wis kokgawe sedina sadurunge. Nyuwun pirsa Yuru kelas lan wong tuwamu, amrih teks sing kokanggo sesorah sambutan luwih apik Ian isine mentes.
7
Struktur Teks Sesorah
Salam pambuka, mujudake salam pakurmatan kanggo mbukak utawa miwiti sesorah.
Panyapa (Sapa Aruh), atur pakurmatan marang sing rawuh wiwit saka sing pangkate dhuwur nganti mangisor.
Pambuka (Purwaka), ngucapake puji syukur marang Gusti Kang Maha Welas Asih Ian atur panuwun marang para tamu sing rawuh.
Isine sesorah (Surasa Basa), mujudake intisari utawa karepe sesorah sing diandharake marang para rawuh.
8
Struktur Teks Sesorah
Wigatine/Dudutan (Simpulan) Ringkesan isi utawa intine sesorah kang diandharake.
Pangarep-arep (Harapan) Yaiku pangajab utawa panyuwun marang para rawuh Ian sapa baa kang midhangetake.
Wusana (Panutup) Yaiku atur panuwun, nyuwun panyaruwe (saran/kritik), lan nyuwun bangapura menawa ana kaluputan sajroning sesorah.
Salam panutup, mujudake salam kanggo nutup utawa mungkasi Sesorah.
9
Nulis Teks Sesorah
Jroning nulis teks sesorah ana patang tatanan sing kudu dilakoni, yaiku:
a. Nemtokake tema utawa masalah sing arep diandharake.
b. Ngumpulake bahan kanggo sesorah.
c. Gawea warangka.
d. Ngandharake isi naskah sesorah kanthi runtut lan gamblang.
10
Maragakake Sesorah
Impromptu yaiku sesorah dadakan, tanpa nganggo persiyapan luwih dhisik. Cara iki mbutuhake kaprigelan lan jembar wawasan
Memoriter yaiku sesorah kanthi ngapalake naskah luwih dhisik
Naskah yaiku sesorah kanthi cara maca teks / naskah sing wis disiyapake luwih dhisik.
Ekstemporan yaiku sesorah tanpa nggunakake naskah lengkap nanging mung nyiapake inti / pokok-pokok gagasan sing arep diandharake.
11
Bab-bab sing kudu digatekake nalika maragakake teks sesorah
Pangucapane tembung (vokal): suwara kudu bener Ian cetha.
Lagune ukara (intonasi) : endhek dhuwure swara kudu cocog karo isi lan tujuwane sesorah. Banter lirihe swara (volume swara) aja kelirihen lan aja kebanteren.
Runtute isi pidhato utawa sesorah
Ekspresi : gambaran praen, posisi ngadeg/lungguh, lan obahe tangan.
BAHASA JAWA
SESORAH (PIDATO)

Show answer
Auto Play
Slide 1 / 11
SLIDE
Similar Resources on Wayground
10 questions
Kidang kencana
Presentation
•
6th Grade
5 questions
Materi Bahasa Jawa
Presentation
•
6th Grade
10 questions
Year 6 - Second conditional - closed questions - part 2
Presentation
•
6th Grade
7 questions
Subject-Verb Agreement Pronoun-Antecedent Agreement
Presentation
•
5th Grade
11 questions
TALKING ABOUT DAILY ACTIVITIES
Presentation
•
6th Grade
8 questions
MAKANAN YG DILARANG
Presentation
•
7th Grade
12 questions
Kelas 5 Bahasa Jawa Wulangan 6
Presentation
•
5th Grade
10 questions
Bahasa Jawa
Presentation
•
6th Grade
Popular Resources on Wayground
10 questions
Safety Day 2026 – Student Review
Quiz
•
9th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
12 questions
Map Skills
Quiz
•
3rd Grade
22 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
5th Grade
15 questions
Rounding Decimals
Quiz
•
5th Grade
Discover more resources for Other
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Context Clues
Quiz
•
6th Grade
10 questions
Columbus Day and Indigenous People's Day
Interactive video
•
5th - 8th Grade
20 questions
Elements, compounds, and mixtures
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Area of Parallelograms and Triangles
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Add and Subtract Integers
Quiz
•
6th - 8th Grade
28 questions
SMS Staff by the Numbers
Quiz
•
6th - 8th Grade
14 questions
Explore Integers and Rational Numbers
Quiz
•
6th Grade