

Pacelathon
Presentation
•
Other
•
4th Grade
•
Practice Problem
•
Hard
Petrus Apriprasetyo
Used 4+ times
FREE Resource
12 Slides • 0 Questions
1
Pacelathon

2
Pacelathon asale saka tembung "celathu" sing tegese omongan, dadi cekake, pacelathon kuwi tegese omong-omongan.
Pacelathon yaiku guneman antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro, telu, utawa luwih kang lagi rembugan sawijining bab apa ta apa.
awadene teks pacelathon yaiku wacan sing tinulis kanggo wewaton wong sing arep omong-omongan.
3
Tetengere teks pacelathon
sakabehe cerita awujud omong-omongan antarane rong paraga utawa luwih.
Pacelathon nggunakake tanda petik ("....") amarga teks pacelathon minangka ukara langsung.
Teks pacelathon dijangkepi pituduh tartemtu kang kudu diperagaake dening paragane. pituduh kasebut ditulis sajrone tanda kurung (....).
4
tata krama pacelathon karo wong liya
aja nganti gawe lara atine sing diajak ngomong, jalaran rumangsa diala-ala utawa diina.
kancane pacelathon diwenehi kalodahangan omong.
yen bisa sing diajak omong tansah seneng.
tema, tembung, utawa ukara sing diomongake bisa ditampa wong diajak omong.
swarane omongan aja nganti lirih utawa seru banget, sing penting sing diajak omong wis krungu.
5
Tata cara nulis teks pacelathon
temtokna luwih disik sapa-sapane sing arep nindakake pacelathon. (tuladha: bocah karo bocah, bocah karo wong tuwa, lsp)
gunakna unggah-ungguh sing trep sajroning pacelathon kasebut.
anggone gawe materi pacelathon kudu ngelingi yen materi pacelathon ngono dudu monopoline salah siji paraga, nanging dadi duweke kabeh sing melu kegiyatan pacelathon.
sing ora pareng dilalekake maneh, komunikasi sing diwangun ing pacelathon iku timbal balik (rong arah).
6
Tata Krama panganggone basa ing pacelathon
ing sajrone pacelathon kudu migunakake tata krama utamane basa kang trep lan pas. tata krama basa iku diarani unggah-ungguh basa. unggah-ungguh basa yaiku:
7
- basa ngoko lugu. basa ngoko biasane digunakake kanggo:
wong tuwa marang bocah.
wong tuwa marang wong liya sing luwih enom.
bocah karo bocah.
wong tuwa karo wong tuwa sing wis akrab.
8
2. Ngoko alus. digunakake marang:
kanca utawa wong sing wis akrab, nanging sing diajak omong diajeni dening wong liya.
9
3. krama lugu. digunakake marang:
marang wong sing durung akrab.
marang wong sing luwih tuwa
10
4. basa krama alus. digunakake marang:
wong sing luwih diajeni.
11
5. basa krama inggil. digunakake marang:
Dienggo déning wong enom marang wong tuwa.
Dienggo déning murid marang guru.
Dienggo déning wong kang pangkate luwih ngisoran marang wong kang pangkate luwih dhuwur.
12
Tuladha Pacelathon
Adi : Pakdhe, sonten-sonten kok taksih ten kebon?
Pakdhe : Iyo Di, urung rampung iki
Adi : Taksih nopo to pakdhe?
Pakdhe : Resik-resik di
Adi : Lha niku, punapa ingkang panjenengan lampahi pakdhe?
Pakdhe : iki aku ugo arep nandur wit gedhang sing di jaluk karo budhemu kae
Adi : oalah, nalika wingi sonten kula nggi mireng menawi budhe sambat kaliyan pakdhe babagan punika
Pakdhe : ora mung kuwi tujuane, nanging iki uga ana manfaate kanggo lingkungan
Adi : leres niku pakdhe, mugi-mugi dados amalipun pakdhe
pakdhe : aamiin
Adi : nggih pun, kulo pamit wangsul rumiyin nggih Pakdhe, sampun badhe maghrib.
Pakdhe : Iyo Di, ati-ati.
Pacelathon

Show answer
Auto Play
Slide 1 / 12
SLIDE
Similar Resources on Wayground
12 questions
JAVANESE - PARIBASAN LAN BEBASAN
Presentation
•
5th Grade
11 questions
Theme Week 12
Presentation
•
4th Grade
6 questions
How Night Came from the Sea Vocabulary
Presentation
•
4th Grade
11 questions
Theme - Day 2
Presentation
•
4th Grade
7 questions
simple past, irregular and regular verbs
Presentation
•
4th Grade
7 questions
KItab Alala
Presentation
•
4th Grade
7 questions
Folk Songs
Presentation
•
4th Grade
7 questions
Coordinating Conjunctions
Presentation
•
5th Grade
Popular Resources on Wayground
24 questions
PBIS-HGMS Day 10
Quiz
•
6th - 8th Grade
10 questions
HCS SCI 03 Summer School Review 3
Quiz
•
3rd Grade
11 questions
Home Scope
Quiz
•
7th - 8th Grade
15 questions
HCS SCI 05 Summer School Assessment 3 Review
Quiz
•
5th Grade
35 questions
Lufkin Road Middle School Student Handbook & Policies Assessment
Quiz
•
7th Grade
18 questions
Geo 11.3 Area of Circles and Sectors
Quiz
•
9th - 11th Grade